Geger Genjik Ngadepi Padonane Suroso Karo Bakul Toplek Neng Warung’e Giyanto Ngisor Ringin Alun – Alun PATI

by -57 Views
banner 468x60

Suarapatinews. PATI – Rabu tgl (03/01/18), Iki sing di garap Dhe Alman wartawan Kondang ing bumi pati pesantenan, ngudoroso wartawan kondang suara merdeka sing nguwasani bumi pati pesantenan gawe geger genjik sing di garap padonane Suroso neng warung angkringane Giyanto manggon neng ngisor ringin pisan.

LogoLicious_20180103_202041

banner 336x280

Adem le jagong karo udut kebal kebul karo ngopi sinambi ngrumpi kahanane media sosial lan LSM sing mberahe ra mekakat nek bumi Pati Pesantenan iki. Opo meneh yen wayah ramene ono pilihan Bupati lan Gubernur.

Yen di delok padonane wong sing lucu iku jebul iso gawe sindiran marang sopo wae kang duweni roso rumongso luwih-luwih poro konco jurnalis. Coba  simak lan woco kanthi cetho opo wae sing di omongke dhe Alman sing di sadur soko berita suara merdeka. Kanthi dasar opo dhe alman garap berita sing iso gawe ati banjur nyidrani marang sepodho – sepodho jurnalis.

Mbarengi jumedule tahun 2018 sing diarani tahun politik merganeng republike dhewe iki ono pilihan Bupati/Walikota lan gubernur, miturut panemune wartawan senior kondang sing nguasani bumi pati pesantenan,” mberah wong sing pating bedunduk.

Iki di cuplik soko kalimate dhe Alman lumantar suara merdeka sing di undhuh poro konco sing podho duwe roso rumongso yen dijiwit roso loro bareng moco koran   judule “Ason-ason kopi muria dening Alman ED”. Jur opo werdine   ason-ason kuwi…dhe ? Mulo ayo di simak opo to karepe…!!!

Dhe Alman ngomong ngene: Ngono iku odhak kok muk wong-wong sing angger wayah ngene iki ancen sugih kendel bondo wirang gelem dadi ason-ason, namek wong-wong sing saiki dadi awak media mberahe yo odhak mekakat.

Aku jawab ngene ; opo to sejatine kalimat gelem dadi ason-ason…??? opo iku kelebu tembung sing lumrah, opo mung angger waton ngomong sing ora nganggo waton. Opo duwe roso kuwatir yen rumongso kewirangan yen kewiyak wadine dewe. Kamongko tembung ason-ason iku dudu tembung sing lumrah, nanging pedes rasane.

Yen diudari sing sak benere, iso gawe brontoyudo joyo binangun marang kancane dhewe. Mulo mangertiyo dhe…!!! sing ati-ati, iki ora kelebu guyon, ngomong sak ngomong kudu diukur luweh dhisek.

Dhe Alman ngomong ngene ; mulane angger iso nulis neng media sosial /medsos, emboh pye juntrunge tulisane malah luweh dikenal, odhak urus iku wes netepi angger-angger kode etik jurnalis lan UU No 40 tahun 1999 opo odhak. Hurung meneh ketambahan wong sing senengane ngalor ngidul nganggo eblek LSM malah tambah tegik-tegik.

Aku  jawab ngene ; yen dinalar, tembung media sosial/medsos iku wes mesthi netepi angger-angger kode etik jurnalis lan UU No.40 tahun 1999. Opo meneh yen wong sing senengane ngalor ngidul nganggo eblek LSM iku wes bener.

Sebab yen ora ngalor ngidul jur kapan oleh warto, opo yo mung arep jagakke kancane banjur melu anut grubyuk ora reti rembug, ngerti-ngerti melu oleh bagian.

Arep mlebu neng medsos utowo LSM wis mesthi ono syarat lan aturan sing cetho sak durunge diuji opo wae kode etik jurnalis sing sak benere, dadi ora mung waton mlebu slunam slunum koyo ora duwe aturan.

Dhe Alman ngomong ngene ; Awite sing padonan ngono iku mau suroso wong neng warung angkringane Giyanto Mataram, ngisor ringin pojok lor wetan alun-alun simpang lima Pati. Lha sing diajak padonan sopo meneh nek odhak bakul toplek Yanto topi, namek wong iku mileh meneng wae karo ngguya ngguyu, menowo kok nganggep padone wong weng iku lucu.

Aku jawab ngene ; walah dhe…dhe, lha wong sing padonan ki mung Suroso neng warung angkringane Giyanto mataram karo bakul toplek, kenopo dhe alman melu repot mikirke kancane dewe le arep golek warto.

Mbok sing prasojo to dhe, ben akeh wartawan pati lah, mboh iso nulis opo ora, waton wis netepi angger-anggering kode etik jurnalistik.

Ben melu urip, ben melu ngerti lan melu ngontrol kahanan gbyare pati  koyo opo lakune. Ojo mbok pek dewe dhe, sopo wae oleh melu dadi wartawan.

Ben duwe generasi kanggo peneruse dhe alman. Yen dhe alman ora ono sopo meneh yen ora ono generasi terus piye dhe, Bener ora dhe…..?
Pungkasane tembung : ngene lho dhe…! sok nek gawe berita ki sing iso di rasake wong akeh, guno lan manfaate, ojo di ulangi meneh nganggo kalimat ason-ason…!!!

Tur ojo kuwatir nek wartawan Pati akeh banjur gawe sempite wartawan kondang rumongso ciut. Opo meneh ngarani LSM eblek ngalor ngidul tegik-tegik. Iku ora pas dhe, di rubah dhe, sopo meneh sing tak gawe conto wartawan sing paling senior lan kondang ing bumi pati pesantenan iki.

Wis yo dhe iki mung saran kanggo keapikan, ngapurane yen ono kalimat sing gawe runtiking atine dhe alman, ayo gawe wartawan sing jujur lan bener. Kanggo ngontrol kerjane pemerintah sing kudune biso gawe patuladan marang rakyate khususe ing bumi pesantenan. (Konco Wartawan Grup/Pati)

banner 336x280

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

No More Posts Available.

No more pages to load.